body{display:block; -khtml-user-select:none; -webkit-user-select:none; -moz-user-select:none; -ms-user-select:none; -o-user-select:none; user-select:none; unselectable:on;}

Contoh Naskah Drama Pramuka Perkemahan Akhir Tahun (bahasa Jawa)

Tuesday 18 December 2018

Contoh Naskah Drama Pramuka Perkemahan Akhir Tahun (bahasa Jawa)


Teringat, pada saat itu aku sedang mengikuti kegiatan Perkemahan Akhir Tahun di Buper Sekipan, Tawangmangu. Kami disuruh untuk menampilkan sesuatu untuk acara pentas seni, akhirnya, kami memilih drama lipsing menggunakan bahasa jawa. Pada akhirnya, sangga ku memperoleh juara 2 Pentas Seni. Yeayyy.. Berikut contoh naskah drama lipsing bahasa jawa pada saat perkemahan akhir tahun punya kami..


Pemeran A : Surya Eka
Pengisi A : Romadona
Pemeran B : Bayu
Pengisi B : Rizal Surya
Pemeran C : Vega
Pengisi C : Amanda
Pemeran D : Rifdah
Pengisi D : Lily

PAT 2015
Dina Jum’at, Perkemahan Akhir Tahun 2015. Siswa-siswi lagi pada jagongan. B lagi lungguh. A teka marani si B...
A : Assalamu’alaikum, Salam Pramuka !!
B : Wa’alaikumsalam, Salam !!
A : Lagi ngopo kak ?
B : Opo? Koe nyelok aku opo? Coba balenana!
A : Lagi ngopo kak?
B : kak?
A : Loh, hiyo... Sampeyan ora ngerti ta? Sistem panggilan kakak-adik ning pramuka wis diatur saka dasar SK Kwarnas No 137 tahun 1987
B : Hah? Opo kui SK Kwarnas? Enak koyok e?
A : Loh, enak pie ta... Mosok ra ngerti SK Kwarnas? Lha nek jenenge Bapak Pandu Sedunia sopo?
B : Waduuhh sopo yo? O..ya.. Golden Powell
A : Weh lah Golden Powell, sopo kui? Sing bener ki Baden Powell. Lha terus jeneng lengkape sopo?
B : halah embuh... Ra nggagas aku! Lha sopo emang?
A : Weh, ra nggagas kok takok? Sampeyan anggota pramuka ta? Jeneng lengkape Baden Powell ki Sir Robert Stephenson Smyth Baden Powell of Gillwell, kui sing paaaliiing lengkap!
B : Oalah.. Aku jane yo anggota pramuka, tapi luwih seneng nek pramukane prei.. Yo ra konco-konco?
A : Loh, lha nek prei ngono kui neng ngomah ki yo arep ngopo?
B : Jane yo ra ngopo-ngopo, paling yo gor madang, turu terus mampir WC delok.
A : Lah opo yo ora bosen?
B : Jane yo bosen, eh.. Tapi kok kowe isoh pinter men ko ngono? Jane ki berguru nang ngendi?
A : Loh hiyo, cah senden ki lak yo pinter-pinter!
B : Loh, aku yo cah senden iki! Berarti aku yo pinter?
A : Mmmm.. Yo embuh.. Coba tak bedikki yo.. Nggo mbuktikke kowe pinter opo ora?
Tanggal lahire Baden Powell kapan?
B : Waduuh.. Tanggal lahir? Wong tanggal lahire bapakku dewe we aku lali.. Eh, tapi kok kowe mudeng nggon koyo ngono kui ta?

A : heheh.. Orak ii loh.. Aku kan arep melu lomba LCTP, lomba cerdas cermat pramuka kui loh.. Dadi aku sinau nggon ko ngono.. Pamane ra melu LCTP, paling aku ora mudeng plus males yoan nyinau koyo ngono..
B : we ladalah.. Kowe asline yo gur podo wae karo aku..
A : Halah sitik e, eh aku njalok tulung, tulung bedikk ono aku nggon ko ngono
B : Oke, jenenge Presiden Indonesia ke 8 sopo?
A : Sik.. Sik.. Siji, Soekarno.. Loro, Suharto.. Telu, Habibie.. Papat, Gusdur.. Limo, Megawati.. Enem, SBY.. Pitu, SBY meneh.. Woluuu...? Sik.. Sik.. Koyokke presidene lagi ketuk 7, tur nang kertas e kui yo ora ono pertanyaan ko ngono ii?
B : Hahaha.. Kui pertanyaane sing nggawe aku dewe, nggo ngetes koe..
C karo D teka..
C&D: Assalamu’alaikum..
A&B: Wa’alaikumsalam..
C : Lagi mbahas opo iki, ketokmen seru!
D : melu yo..
A : Orak.. Gur masalah LCTP nggo PAT.
Eh hiyo, sampeyan wong loro arep dho melu lomba opo?
C : Awak dewe melu lomba masak karo K3T!
B : WEh, masak? Bhane sampeyan mileh opo? Telo opo jagung?
D : Tela..
A : Tela? Arep masak opo emang?
C&D: Sega jagung soko tela !!
B : Opo? Balenana, ra krungu aku..
D : Sego jagung soko tela ii lho..
B : haah? Sego jagung soko tela? Jenenge wae sego jagung.. Lah kok soko tela?
C : Loh kowe ra mudeng ta? Iki ki kreasi anyar, inovasi anyar!
D : Ha’a, gen rodok kreatif sitik ii lho!
B : Engh, gek opo enak ngono loh?
A : Wes wes, lha pionering e dho arep gawe opo?
D : Sire dho arep nggawe odhong-odhong, tapi hurung dho latihan blas og..
B : Weh, odhong-odhong ig..
C : Lah iyo.. Kan alat transportasi!
B : Lha nek odong-odong alat transportasi, cara numpak i ne piye horog?
C : Yo, gari di tumpak i ta yo..
A : Eh, lha nek pensi ne piye?
D : Naah.. Kui sing marai bingung..
C : Piye nek musikalisasi puisi wae?
B : Ojo ojo, aku raisoh puisi!
D : Yo ajar ta yo..
B : Raisoh yo, yowis aku tak pengiring e wae piye?
D : Yo.. Lha terus, tema musikalisasi ne iki arep opo?
B : Penting ojo sing sedih-sedih yo..
A : Sik.. Piye nek drama, tapi lipsing?
B : Apik kui..
A : Eh.. Kosek.. Kosek.. Bukane awak dewe saiki wes tampil pensi? Lho, delokken penontone.. Jurine !
C : Weh hiyo..
B : Hallo mas Juri..
D : Lha terus arep ngopo meneh iki pensine? Critane wis rampung wi..
B : Yowis, gek ditutup wae! Siji..Loro..Telu..!
A,B,C,D : Matursuwun, Wassalamu’alaikum wr. wb.

0 Comments :

Post a Comment